Contoh Pidato Bahasa Jawa Singkat tentang Bersyukur

28 Maret 2022, 14:54 WIB
Contoh Pidato Bahasa Jawa Singkat tentang Bersyukur /unsplah.com/Madrosah Sunnah

BERITA MATARAMAN – Inilah contoh Pidato Bahasa Jawa tentang bersyukur.

Pada Pidato Bahasa Jawa tentang bersyukur kali ini, akan disajikan dengan singkat namun padat.

Contoh Pidato Bahasa Jawa singkat tentang bersyukur ini bisa dijadikan panduan dalam menyusun teks Pidato Anda sendiri.

Baca Juga: Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa Singkat tentang Hari Pendidikan Nasional

Namanya contoh, teks Pidato Bahasa Jawa singkat tentang bersyukur berikut ini bisa dikembangkan sendiri.

Langsung saja, inilah contoh Pidato Bahasa Jawa singkat tentang bersyukur.

Assalamualaikum Wr. Wb.

Ingkang kawula hormati bapak ibu sedoyo

Lan para rawuh ingkang sampun kempal wonten mriki.

Sepindah, monggo kita ngaturaken Alhamdulillahi Rabbil ‘alamin, damel sedaya nikmat ingkang sampun diparingi Allah, sehinggo kita sedaya saget sami-sami sinau agama wonten papan punika.

Kaping kaleh, sholawat lan salam damel junjungan agung kita Nabi Muhammad saw. Nabi utusan Allah ingkang kula lan panjenengan rantos syafaatipun wekdal yaumil qiyamah.

Para rawuh rahimakumullah..

Nikmat ingkang sampun diparingi Allah katah sanget lan mboten saget kita itung. Nikmat kasarasan, nikmat kasugihan, nikmat dahar lan ngunjuk, kaleh ingkang paling penting lan utama yaiku nikmat iman kaleh islam.

Kula lan panjenengan sedaya sampun kedah bersyukur kaleh nikmat-nikmat Allah. Nopo mawon ingkang saget kita mlampahaken damel bersyukur dumateng Allah?

Kaping setunggal, ngaturaken Alhamdulillahi rabbil ‘alamin. Kalimat tahmid menika kalimat pujian dumateng Allah.

Tegesipun matur kalimat tahmid yaiku,  kita sedaya emut menawi nikmat niku saking Allah. Mboteng namung saking usaha kita.  

Ingkang kaping kaleh, kita saget berbagi marang lintune damel nikmat ingkang sampun keparingan dumateng kita. Misalipun kaleh kesarasan, kita saget mbiyantu tenaga marang tiyang intune ingkang kasisahan. Kaleh dhaharan lan ujukan ingkang kita kagungan, kita saget maringi marang tiyang lintu ingkang kekirangan dhaharan.

Bapak Ibu sedaya..

Kaleh bersyukur, Allah badhe nambah nikmat panjenengan, Kita sedaya kedah pinter-pinter bersyukur lebet kawontenan nopo mawon.

Sanadyan menawi kula nopo panjenengan gerah. Kita kedah yakin niku cara Allah mbusek dosa-dosa kita.

Mugi-mugi kula lan panjenengan dipuntebihaken saking sifat kufur nikmat. Lan mugi-mugi kita sedaya kelebet tiyang-tiyang ingkang tansah emut kaliyan Allah. Amin ya rabbal ‘alamin

Bapak ibu lan sedaya rawuh ingkang dirahmati Allah..

Cekap semanten ingkang saget kulo aturaken. Nyuwun agungipun pangapura menawi wonten kekirangan lan kelepatan kulo.

Wassalamualaikum wr wb

Baca Juga: Contoh Pidato Bahasa Jawa Perwakilan Kelas 11 dalam Acara Perpisahan Kelas 12

Demikian contoh Pidato Bahasa Jawa singkat tentang bersyukur. Semoga bermanfaat.***

Editor: R. Nur

Tags

Terkini

Terpopuler