MONUMÉN SOÉDIRMAN
pinggir kali nadhah udan ngadhep gili
patung Jéndral Soédirman ngawé-awé ngéling-éling
menawa laladan perang wis mari
ningané ajalali pegat mati
berjuang manggul bedhil urak Walandi
bambu runcing nggugah ati
rakyat Indonésia cancut tali wanda
béla kamardhikané nagari
numpak jaran nukrak-nukrak
Artikel Rekomendasi