BERITA MATARAMAN - Berikut ini pembahasan tentang Puisi Bahasa Jawa atau Geguritan dengan tema Kemerdekaan yang cocok dibawakan ketika lomba 17 Agustus.
Simak artikel ini akan disajikan Puisi Bahasa Jawa atau Geguritan dengan tema Kemerdekaan.
Agustus merupakan bulan yang sangat dinanti oleh para masyarakat Indonesia karena bulan ini merupakan bulan Kemerdekaan Indonesia.
Dalam bulan Agustus inilah kegiatan berbagai macam dilaksanakan untuk memeriahkan Kemerdekaan tidak terkecuali dengan Lomba salah satunya membaca Puisi.
Lomba membaca Puisi dipilih karena selain menarik juga puisi yang dibacakan mengandung pesan-pesan yang tersirat.
Salah satu lomba puisi yang cocok untuk dibawakan ketika lomba Kemerdekaan yaitu puisi Bhajasa Jawa atau Geguritan.
Puisi Bhasa Jawa dipilih karena agar tidak terlupakan dimasa Modern sekarang ini dan mengenalkan kebudayaan kepada generasi muda yang tidak boleh di tinggalkan.
Untuk ini disini Berita Mataraman telah menyediakan Puisi Bahasa Jawa atau Geguritan yang cocok dibawakan ketika Lomba Kemerdekaan.
Berikut ini Puisi Bahasa Jawa atau Gegurtita yang dikutip oleh Berita Mataraman dari Portal Jember.
Baca Juga: Link Twibbon HUT RI ke-77, Desain Foto Ucapan Hari Kemerdekaan 17 Agustus 2022
Geguritan 1
PAHLAWAN
Karya: Rono
Pahlawan sliramu dadi dalan kemerdekaan
Tadah awak nora wedhi marang kematian
Nyowomu dadi pondasine kebebasan
Kanggo rakyat sangking cengkramane penindasan
Pahlawan, semangatmu koyo geni
Ngobong kabeh pasukane
Kanggo njaga lemah kang di tresnani
Indonesia merdeka Indonesia di hormati
Pitulas agustus tahun papat lima
Ono sing diimpikne dadi nyata
Saiki Indonesia wus merdeka
Pahlawan, perjuanganmu nora sia-sia
Indonesia merdeka!!!
Indonesia merdeka !!!
Kabeh merga perjuanganmu
Pahlawanku
Geguritan 2
PAHLAWANKU
Karya: Tantiningsih
Pahlawanku
Wutahing ludirmu
Nyiram ibu pertiwi
Nadyan sang ibu
Kudu muwun sedih
Kerajang rajang manahe
Karujut rujit rasa pangarsane
Pahlawanku…
Mugya Gusti paring nugraha
Semana gedene buktimu
Jiwa raga bandha ndunya
Tanpa sisa
Amung siji pangajabmu
Merdeka
Geguritan 3
IR. SOEKARNO
Jenengan niku pahlawan negara
Pahlawane bangsa Indonesia
Bebasne negari sangking penjajah
dadeake bangsa kang mergeka
Jasane jenengan katah dicontoh kaleh kawula muda
Ndadeake Indonesia merdeka
Bebas sangking penjajah
Panjenengan dados kasatria bangsa Indonesia
Lelabuhanmu patut dicontoh kawulo muda
Baca Juga: Lirik Lagu Dermaga Biru Versi Sholawat Cover Asy Syakiroh yang Viral di TikTok
Geguritan 4
JENDERAL SOEDIRMAN
Aginé crita urung rampung
Getih mlarah-mlarah
Ngobar ati padha gerah
Mlaku mlaku masang tadhah
Wong éwon sing padha takon
Sapa jané
Swara watuk ngukluk satengahé alas
adoh kana adoh kéné
ora sangu bandha ora sangu dhuwit
among dhadha ora tédheng aling-aling
hawa adhem anyeb remesep
udan deres awak bengkeres
swara watuk tengah wengi
ora patia genah larané
nggugah tangi wong turu lali
ana jubah kenang barat klebat klébét
ambuné wangi ngiteri bumi
wong éwon sing padha takon
sapa jané priyayi désa sing luhur budiné
gedhé tékadé sundhul langit tekané
ora gemedhé tindhak tandhuké
pangandikané alon nanging émas isiné
neng dhadhané ana gendéra abang putih
urubé madhangi jagat
swara watuk tengah wengi
gemluthuk kaya gunung bledhug
udan deres kayon pating penthiur
teken komandho dejunjung dhuwur
gerah paru ora ngurangi tékad
madhep mantep tetep madeg
tlasap tlusup milangi desa
ora ana bedhil apa mortil
sing bisa ngalahna wutahing getih sukma
kejaba pati saking illahi gusti!
Geguritan 5
MONUMÉN SOÉDIRMAN
pinggir kali nadhah udan ngadhep gili
patung Jéndral Soédirman ngawé-awé ngéling-éling
menawa laladan perang wis mari
ningané ajalali pegat mati
berjuang manggul bedhil urak Walandi
bambu runcing nggugah ati
rakyat Indonésia cancut tali wanda
béla kamardhikané nagari
numpak jaran nukrak-nukrak
rakyat semanak ora nolak
kabéh sarujusapa sing njajal awak
mecah Indonésia bakal diklethak
mula aja wani kemlithak
sepisan panginyongan denyék
bakal tek labrak
kulon kali wetan kali
tengah-tengah kembang mlathi
kari-kari aja lali
berjuang ngurak Landa tekan mati
monumén Jéndral Soédirman
nyundhuk langit mbelah awang-awang
kanggo sesawangan wong liwat
mengku teges crita maring anak putu sebrayat
angger laladan pahlawan pancén hebat
sapabaé sing arep nyacad bakal kewalat
Demikian pembahasan mengenai puisi Bahasa Jawa atau Geguritan yang bertemakan Kemerdekaan, Semoga Bermanfaat.***
Artikel Rekomendasi